Pages

Saturday, July 31, 2010

Wonokairun & Bunali - Untu

Wonokairun loro untu lungo nang dokter gigi konco lawase jenenge Bunali.
"Waduh mbah, untu sampeyan kudhu dicabut..." jare Bunali.
"Yo wis jabuten ae ben ndang waras" jare Wonokairun.

Mari dijabut Bunali takok "Wis gak loro maneh mbah?"
"Iyo wis enak saiki, piro ongkose dok?" Wonokairun takok.
"Wis gak usah mbayar mbah, gratis ae" jare Bunali.

"Waduh suwun suwun,... tak dungakno sampeyan mlebu suargo" jare Wonokairun.

Pas nang omah Wonokairun ngoco, langsung nggeblak semaput.
Tibake sing dijabut iku untu emase.

bbm group: IKA ITS PTSP
shared by om 'Yat
my note: -___-"

No comments: