Pages

Saturday, July 31, 2010

Wonokairun & Bunali - Turunan

Isuk-isuk wong sak bonbin gupuh kuabeh krungu berita ono gajah matek mergo wis tuwek.
Masio kulite kisut keriput tapi bobote ono lek 2 ton.

Brudin sing biasane dodolan es gronjong nang bon-bin sakno ndelok Mbah Wonokairun nuangis mbrebes mili.



"Wis tah Mbah, gak usah athik mbrebes mili. Aku iso ngrasakno yok opo susahe berpisah ambek gajah sing sampeyan openi pirang puluh taun. Opomaneh umure sampeyan ambek gajah iku yo sak pantaran, mestine akeh kenangan manise yo.  Tapi wis gak usah sedih mbah, lak sik ono gajah liyane sing lucu-lucu." jarene Brudin.

"He cak, aku iki dhudhu pawange gajah!!!! Ngawur ae!!!!" jarene Wonokairun.

"Lho lek sampeyan dhudhu pawange gajah, laopo sampeyan athik nuangis mbrebes mili barang.  Sejatine sampeyan iki apane gajah?? koncone opo dulure??" jarene Brudin.

"Aku iki tukang gali kuburan, isuk-isuk durung sarapan wis dikongkon ngeduk kuburan, tibake kuburane gajah..." Wonokairun nangis maneh.

“Wis mbah ojo nangis maneh, iki lho tak gawekno es gronjong, gratis wis.” Jare Brudin.

Mari ngombe rong gelas, Wonokairun wis gak nangis maneh.

“Kon kok apikan nggawekno es gronjong gratis, koyok wong sugih ae.” Jare Wonokairun.

“Lho ojo salah mbah, aku iki pancene keturunane wong sugih, dhuwike mbahku iku cukup gawe tujuh turunan.” Jare Brudin bangga.

“Gombal!!!, lek pancene kon iku turunane wong sugih, laopo saiki dhodolan es gronjong??” jare Wonokairun.

“Soale aku keturunan sing ke wolu....”



bbm group: IKA ITS PTSP
shared by om 'Yat
my note: hehehhee.. the last one for today jokes... can't wait for the next om ^^

No comments: