Pages

Saturday, July 31, 2010

Wonokairun & Bunali - Bon bin

Wonokairun sir-siran nang Bon Bin, dhadhak pethukan maneh ambek Brudin dhodholan es gronjong.

"Coca cola loro Cak!" jare Wonokairun.
"Aku gak ndhuwe Coca Cola Mbah, modalku cilik, durung cukup gae kulak coca cola.  Es gronjong ae yo, tak jamin sueger Mbah" jare Brudin.
"Aku ngomong ambek wong sing ndhuwe rombong nang mburimu." jare Wonokairun.

Oooh uawas kon yo, Brudin nggondhok.



Mari muter-muter dhodholan es gronjong, Brudin pethukan maneh ambek Wonokairun lagi guyon ambek gendhakane.

"Oo!! Pancene gak nggenah!!! Wingi anake dhewe disikat, saiki bojone koncone arep disikat pisan.  Wis tuwek petakilan" jare Brudin.
"He!! Kon lek ngomong ojok sembarangan lho yo!!! Tak suantap lambemu!!! Sing wingi nyikat anake dhewe iku lho sopo!!!.  Iki yo dhudhuk bojone koncoku, arek iki wis rondo, sak umur-umur gak tau ndelok bon bin, mulakno tak jak nglencer!!" Wonokairun mencak-mencak gak trimo.
‎​"Aku ngomong ambek bedhes tuwek nang mburimu..." jare Brudin.

bbm group: IKA ITS PTSP
shared by om 'Yat
my note: suroboyo banget!!

No comments: