Pages

Friday, July 30, 2010

Wonokairun & Bunali - Ngemis

Wonokairun lagi mbambung ngemis nang ngarepe TP, dhadhak Bunali teko katene ngemis pisan.
"Sampeyan wis suwi tah ngemis nang kene? Yok opo wis oleh akeh tah?" takok Bunali.
"Yo lumayan se, sak dino paling sithik aku oleh seket ewu." jare Wonokairun.
"Wah yo lumayan yo, tenguk-tenguk oleh seket ewu.  Eh Mbah, sampeyan gak nduwe anak tah, kok sampek kudhu ngemis koyok ngene?" takok Bunali.
"Anakku wolu wis gedhe-gedhe, telu nang ITS, loro nang Unair, siji nang Unbra, loro maneh nang IKIP. " jarene Wonokairun bangga.
"Wah gak nyongko rek, hebat sampeyan mbah. Durung ono sing lulus tah anak sampeyan?" takok Bunali.
"Anakku gak ono kuliah cak!" jare Wonokairun.
"Ooh dadi dosen tah??" takok Bunali.
"Salah peno cak." jare Wonokairun.
"Lha laopo lo??" takok Bunali.
"Yo koyok bapake iki, ngemis kabeh..."


bbm group: IKA ITS PTSP
shared by om 'Yat
my note: shared in the morning, made me laughing alone in the middle of the busy office ^^

No comments: