Pages

Saturday, July 31, 2010

Wonokairun & Bunali - Bronpit

Wonokairun kepingin ngojek, soale lek mbecak royokan penumpang kalah terus.
Isuk-isuk Wonokairun wis sliwar-sliwer belajar numpak bronpit.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat pulisi.
Tibake pulisine ikut Bunali, tonggone dhewe.



"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne!" jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggak nggowo SIM" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo SIM.
‎​"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo SIM..." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah" jare Bunali.
"Kon ojo athik ngelamak ambek aku lho yo!!!.  Sik tas lulus Watukosek ae wis kemenyek atene nilang!! Gak isok!!!" Wonokairun nguamuk.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno gak sidho ditilang.

Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh.
Lagek mlaku sedhiluk, dhadhak wis dicegat Bunali maneh.

"Mbah, tulung ndelok SIM ambek STNKne!" jare Bunali.
"Ono nang dompetku" jare Wonokairun.
"Lek aku mbadhek, sampeyan mesti lali nggowo STNK" jare Bunali.
Mari buka dompet ambek rogoh-rogoh kesak, tibake temenan Wonokairun lalu nggak nggowo STNK.
"Waduh iyo, aku lali nggak nggowo STNK..." jare Wonokairun.
"Lek ngono sampeyan kudhu tak tilang Mbah, iki wis ping pindho sampeyan pelanggaran" jare Bunali.
"Gak isok!!!! Tak pongor mencelat mbalik nang watukosek kon yo!!!" Wonokairun nguamuk maneh.

Timbangane gegeran, akhire Bunali ngalah, Wonokairun diculno maneh gak sidho ditilang.

Sisuke Wonokairun belajar bronpit maneh, saiki wis wani rodho adhoh.
Bareng mlaku wis oleh 5 km, dhadhak pethuk Bunali maneh.

"Ayo minggir!!!, Aku saiki wis gak lali, STNK, SIM lengkap kuabeh.  Iki lho dheloken,  helm, jaket ambek sarung tanganku yo anyar kuabeh.  Hayo kate lapo kon!!!" jare Wonokairun suombong.
"Yo wis mbah, aku yo gak katene nilang sampeyan, tapi aku mbadhek sampeyan sik ono sing lali maneh " jare Bunali.
"Gak mungkin !! Lali opone...?" Wonokairun bingung,
"Laopo sampeyan mancal becak? Lha bronpite endhi?"

bbm group: IKA ITS PTSP
shared by om 'Yat
my note: I'm so curious with mbah wonokairun ^^

No comments: